context_section_description
stringlengths 8
4.1k
⌀ | image
imagewidth (px) 100
6.74k
|
|---|---|
Hammurabi (basa Akkadia, saking tembung Ammu "sedhèrèk kakung pehak rama", lan Rāpi "satunggiling pangusada"); punika raja angka enem saking Dinasti Babilonia pisanan (mréntah taun 1792-1750 SM), lan panjenenganipun mungel ugi Amraphel, raja saking Sinoar miturut Alkitab (Purwaning Dumadi 14:1).
Hammurabi mimpin wadyabalanipun nyerang Akkadia, Elam, Larsa, Mari lan Summeria, saéngga ndadosaken Kakaisaran Babilonia mèh sami agengipun kaliyan Karajan Mesir kuna saandhaping Pirngon Menes, ingkang manunggalaken Mesir langkung saking sèwu taun sadèrèngipun.
| |
Paus Leo I punika satunggiling aristokrat Romawi Kuna ingkang ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun 440-461. Panjenenganipun punika Paus pisanan ingkang dipunanugrahi gelar "Agung", saéngga dipuntepangi minangka Paus Leo Agung. Panjenenganipun dipunkawruhi sampun damel Attila yakin kanggé tindak dhumateng gapura Roma salaminipun kampanye militèr 452. Nalika taun 452, nalika Italia Lèr dipunserang déning Atilla, Leo nempuh let 320 km kanthi migunakaken turangga kanggé ngadhepi Atilla lan mbujuk supados narik wadyabalanipun. Prastawa puniki dipuntepangi minangka pangladosan paling ageng Leo Agung I.
Leo tilar donya nalika tanggal 10 November 461 lan panjenenganipun dados imam sepisanan ingkang dipunsarèkaken salebetipun gréja Santo Petrus. Panjenenganipun uga wujud satunggiling téolog lan wujud figur pamimpin séntralisasi salebetipun pangorganisasian Gréja Katulik Roma. Sasanèsipun puniku, Paus Leo ugi dipuntepangi amargi padhebatanipun kaliyan Eutykhes. Salebetipun ngadhepi Eutykhes, Leo boten rawuh kanggé tumut salebetipun Konsili Efesus 449, nanging panjenenganipun ngintunaken satunggiling pranyatan ingkang dipunamot salebetipun Tomus. Tomus puniki dipunbeta déning délegasi Leo kanggé dipunwaosaken ing salebetipun konsili minangka wangun kutukan dhumateng Eutykhes. Dékrit salebetipun Tomus puniki ugi dipundhukung penuh déning Kaisar Valentinus III.
| |
Kaisar Wanli (Hanzi: 万历, 4 September 1563-18 Agustus 1620) ya iku kaisar ka-13 saka Dinasti Ming kang nguwasani dinasti Ming saka taun 1572 ngati tekan taun 1620, pamrentahane dadi kang paling dawa saka ka-16 kaisar ana ing Dinasti Ming. Ana ing mangsa pamrentahane, Dinasti Ming ngalami penurunan kang drastis. Dhèwèké lair karo jeneng Zhu Yijun (朱翊鈞), putra ka-3 Kaisar Longqing. Zhu Yijun sebenere bocah kang cerdas wiwit cilik. Sawijining wektu dhèwèké ndelok bapake numpak jaran jaran kanthi banter. Taun 1572, Longqing séda lan Zhu Yijun kang jaman semono umuré nembé 9 taun munggah ana ing tahata nggantekake, rezime dijenengi Wanli. Sepuluh taun pisanan mangsa pamrentahane, dhèwèké dibantu déning ibu suri, ibune, lan nagarawan, Zhang Juzheng kang uga dadi guru kang mbimbing dhèwèké wiwit cilik. Zhang diangkat dadi kanselir agung. Minangka administrator kang kompeten, Zhang nglakokaké reformasi ana ing babagan kaya mereformasi ékonomi lan pertanian lan uga sistem ujian karajan. Perkara iki ndadèkaké stabilitas sosial kanggo Tiongkok. Zhang mati naika taun 1582. Sawisé Zhang mati, Wanli ngrasa bébas saka pangawasan Zhang lan saka hasutan para pejabat lan kasim kang ora seneng marang Zhang dhèwèké mbatalake program-program kang wis dirancang déning Zhang. Dinasti Ming kang nembé baé bangkit banjur ngalami menah kemunduran. Wanli kanthi alon wiwit terjerumus ana ing kebejatan moral lan pemborosan banda nagara. Ana ing pura mburi dhèwèké duwé atusan wong wédok kang siyap dipanggil kapan baé, dhèwèké uga seneng ngombé lan sawisé mabuk dhèwèké bisa matèni sapa baé kang nyinggung awake.
| |
Pandunung siji nagara utawa laladan bisa dipérang dadi rong pangertèn:
Wong kang manggon ing laladan mau
Wong kang kanthi ukum duwé hak manggon ing laladan mau, utawa duwé layang parijawat (Ind: surat resmi) kanggo manggon ing kana, nanging milih manggon ing laladan liya.
Sajeroning parisabawidya, kang ndunungi ya iku klumpukaning manungsa kang ngenggoni wewengkon pratalawimba lan ruwang tartamtu.
Prakara-prakara ngenani wong kang ndunungi disinaoni ing kawruh Dhémografi. Manéka warna aspèk tindak tanduk manungsa disinaoni ing parisabawidya, artatatawidya, lan parisabawidya. Dhémografi akèh dianggo ing babagan pemasaran, kang gegandhèngan raket karo unit-unit artatata (Ind: ekonomi), kaya déné pengècèr nganti juru lêngganan potensiyal.
| |
Bosporus (basa Yunani: Βόσπορος) iku siji selat kang misahaké Turki pérangan Éropah lan pérangan Asia, ngubungaké Segara Marmara karo Segara Ireng. Selat iki dawané 30 km, lan ambané maksimum 3.700 mèter ing sisih lor, lan minimum 750 mèter antara Anadoluhisarı lan Rumelihisarı. Jeroné antara 36 nganti 124 mèter.
Ing gisiling selat iki sing ndunungi padhet, salah siji kuthné ya iku Istanbul.
Ana loro kreteg kang nyebrangi Selat Bosporus, kang kapisan ya iku Kreteg Bosporus kang dawané 1.074 mèter lan rampung dibangun taun 1973. Sijiné, ya iku Kreteg Fatih Sultan Mehmet, dawané 1.090 mèter lan dirampungaké ing taun 1988 watara 5 km sisih loré kreteg kang pisanan.
Marmaray siji trowongan sepur isih sajeroning [embangunan lan bakal dirampungaké taun 2008. Watara 1.400 mèter saka trowongan iki dumunung ana ing sangisoré selat, watara 55 mèter jeroné.
| |
Makaw (Ind: Makau) iku siji tlatah administrasi astamiwa ing RRC, saliyané Hong Kong. Tlatah iki sing ndunungi ana kurang luwih 540.000 jiwa. Tlatah iki diladèni Palabuhan Udara Internasional Makau. Nganti 20 Dhésèmber 1999 Makaw iku kalebu laladan jajahaning Portugal.
| |
Cithakan:Uga delengen
Basa Spanyol minangka basa ingkang paling dominan ing nagari-nagari Amérikah Latin, déné Basa Portugis kanggé ing nagari Brasil,minangka basa resmi lan basa nasional.. Basa Perancis ugi dipun-ginakaken wonten sawatawis nagari alit, wonten Caribbean, lan wonten ing Guyana Prancis. Basa Walandi minangka basa resmi ing sawatawis pulo-pulo Karibia lan ing Suriname; senaos makaten amargi Basa Walandi kagolong Basa Jerman, pramila tlatah punika limrahipun boten dipunanggep kalebet tlatah Amérikah Latin.
| |
Albert Hofmann (lair ing Baden, 11 Januari 1906 – pati ing Burg im Leimental, 29 April 2008 ing yuswa 102 taun) punika satunggiling kimiawan Swiss ingkang misuwur amargi pamanggihan asem lisergat dietilamid. Hofmann nyerat langkung saking 100 karya èlmiah lan sapérangan buku, kalebet LSD: Mein Sorgentkind (1979).
| |
Daging domba iku daging sing diprodhuksi saka domba sing wis ternak (spesies aries Ovis ). tembung lamb kasebut nuduhake domba sing durung umur setaun, yaiku jinis domba sing paling misuwur. Dene istilah hogget nuduhake domba luwih saka 1 taun, dene istilah mutton nuduhake domba diwasa sing umur luwih saka 2 taun.
Daging domba enom utawa lamb sing dibelèh nalika umure umur setaun nganti setaun, kanthi bobot awak antarane 5,5 nganti 30 kilogram. Daging saka sapi siji padha karo daging wedhus lima. Daging iki umume luwih ringkes tinimbang wedhus tuwa, lan umume sajian negara sisih kulon. Iwak domba lawas lan umur setengah tuwa duwe rasa luwih kuwat amarga ngemot asam lemak spesifik sing ditemokake ing domba. Sing luwih tuwa daging domba bakal angel banget amarga jaringan konvensional saya tambah diwasa supaya luwih cocog dimasak kanthi gaya Casserole, disigar, utawa ing godhok .
Rajangan biri-biri sing bisa digawe kanggo masak umume padha karo kewan ruminan liyane, sing ngemot potongan daging saka sikil, gulu, weteng, mburi, lan iga. ilat wedhus uga digunakake ing negara-negara Timur Tengah kanggo godhok masak. Ing negara maju, organ ing wedhus ( offal ) biasane diproses maneh kanggo pupuk, bahan bakar, campuran panganan kewan klangenan, lan diekspor menyang negara-negara miskin lan berkembang ; ora asring digunakake nalika masak. Irisan-irisan domba tipis bisa diproses dadi macon, pengganti daging babi .
| |
Yutuk, wrutuk utawa undur-undur segara inggih punika salah satunggaling kéwan ingkang gesang ing salebeting wedhi ing tlatah pesisir. Ing laladan Widarapayung Kabupatèn Cilacap asring dipun-ginakaken kanggé rempèyèk. Yutuk gorèng raosipun kados urang.
| |
Inggilipun : 24.581 kaki
Inggilipun : 7592 mèter
Bawana : Asia
Nagara : Afganistan
Rentang / tlatah: Asia tengah
Rentang/Tlatah : Hindu Kush
Lintang : 36.43333
Bujur : 71.9
Wulan saé kanggé minggah : Juni, Juli, Agustus, September
Taun kaping satunggal dipunminggahi : 1960
Paminggah nomer satunggal : Toshiaki Sakai, Goro Iwatsubo saking Ekspedisi jepang
Papan Anggegana ingkang paling cerak : Peshwar. Pakistan
Pusat Kutha : Chitral, Pakistan
Noshaq inggih punika gunung ingkang paling inggil, ingkang dumunung wonten ing Afghanistan. Gunung punika urutan nomer kalih inggilipun, wonten ing Hindukush. Papanipun wonten ing sisih leripun Pakistan, kaliyan gunung ingkang paling inggil wonten ing Kisaran, Tirich Mir. Gunung punika gadhah ruten ingkang sekeca dipunminggahi. Nalika wonten ing wulan Fèbruari 1973 mangsa dingin, èkspèdhisi saking Polen saged minggah wonten ing gunung punika.
Noshaq utawi Nowshak minangka puncak ingkang inggilipun urutan kaping kalih wonten Himdu Kush, sabibaripun Tirich Mir ingkang inggilipun 7.690 mèter. Gunung punika papanipun manggèn wonten ing watesanipun antawisipun Afghanistan kaliyan Pakistan. Sisih lèr kaliyan sisih kilèn gunung punika manggèn wonten ing Afganiskan, lan sisih lèr-wetanipun manggèn wonten ing Pakistan. Noshaq minangka gunung ingkang paling inggil wonten ing Afganistan, papanipunmanggen ownten ing garis Durand minangka pratandha watesanipun Pakistan. Akses ingkang paling gampil tumuju dhateng Gunung Noshaq inggih punika liwat Chitral.
| |
Romulus Augustus (463-476), dikenal uga kanthi jeneng Romulus Augustulus (Augustus Kecil). Romulus Agustus iku Kaisar Romawi Barat terakir kang nyekel kakuwasaan wiwit tanggal 31 Oktober 475. Romulus Augustus nyekel kakuwasaan nalika umuré isih 12 taun nganti nalika Romulus dibuwang tanggal 4 September 476. Nalika Romulus Augustus diasingaké kamaharajan Romawi Barat, keruntuhan karajan romawi kuna ambruk lan dadi tanda Zaman Pertengahan wiwit ngadeg ing Éropah Barat. Romulus Augustus mung sepuluh sasi nyekel kakuwasaan awit sawisé iku, Romulus Augustus disingkiraké karo Odoacer, pemimpin bangsa Jerman Kuno.
Romulus Augustulus duwé jeneng dawa Flavius Momyllus Romulus Augustulus. Romulus iku anak saka Orestes. Orestes iku pemimpin bala ing Karajan Romawi barat. Jeneng asliné Romulus Agustus ya iku Augustus nanging wis diganti wiwit cilik amarga nalika isih cilik, bapaké wis mèlu Kaisar Julius Nepos saka Italia. Kurang luwih 12 sasi Orestes mimpin Italia nanging para pasukané banjur nglawan lan milih pemimpin dhéwé kang jenengé Odoacer. Odoacer banjur dadi pemimpin prajurit Jerman, Pasukan Odoacer bisa dicekel Orestes nalika 28 Agustus, 476. Romulus bisa slamet saka prastawa iki lan manggon ing Campania, salah sijiné tlatah ing kidul Italia.
| |
Christian Matthias Theodor Mommsen (lair 30 Novèmber 1817 – pati 1 Novèmber 1903 ing yuswa 85 taun) ya iku sarjana klasik, pulitikus, lan sejarawan Jerman. Karyane ing sajarah Romawi tetep wigati ing panaliten mangsa saiki.
Mommsen ya iku anaké mantri, nanging ora sugih. Dhèwèké lair ing Garding, Schleswig, gedhene ing Oldesloe lan sekolah ing Altona. sateruse dhèwèké sinau ngèlmu hukum ana ing Kiel ing taun 1838-1843.
Mommsen dibantu déning pamaréntah Denmark, saéngga bisa mara ing Perancis lan Italia, ana ing kono dhèwèké sinau sajarah kuna. Wektu Revolusi 1848 Mommsen dadi wartawan ing Rendsburg kanggo Schleswig-Holsteinische Zeitung, lan uga ing taun iku, dhèwèké uga dadi profesor hukum ing Universitas Leipzig.
Mommsen politike Liberal, saéngga dhèwèké dadi profesor ing taun 1851, nanging ing taun 1852 dhèwèké dadi profésor hukum Romawi ing Universitas Zürich ldan ing taun 1854 ana ing Universitas Breslau.
Ana ing taun 1858 Mommsen dadi anggota Preußische Akademie der Wissenschaften (Akademi Ilmiah Prusia) ing Berlin, lan ing taun 1861 Mommsen dadi profésor sajarah Romawi uga ing Berlin, panggonan dhèwèké awal mulang wiwit taun 1887.
Ing taun 1868 Mommsen dianugrahi Pour le Mérite, lan ing taun 1902 dhèwèké uga dianugrahi Penghargaan Nobel Sastra kanggo karya-karya kang paling utama Römische Geschichte antarané taun 1854-1856. Mommsen dadi salah sijiné penulis karya non-fiksi kang nampa penghargaan iku.
| |
Stefanía Fernández Krupij (lair ing Mérida, Venezuela, 4 Sèptèmber 1990; umur 28 taun) inggih punika salah satunggalipun modhèl lan pamenang Miss Universe 2009.
| |
Tèh oolong (Hanzi tradhisional: 烏龍; Hanzi Prasaja: 乌龙; pinyin: wūlóng; uga karan 青茶 qīngchá) iku sajinis tèh Cina. Wernané kapara antawis ijo lan ireng.
Tèh oolong duwé rasa pait, nanging ninggal rasa legi sethithik sawisé diombé. Lumrahé tèh jinis iki sing disuguhaké ing rèstoran-rèstoran Cina sing nyuguhaké panganan dim sum utawa masakan Cina liyané.
Akèh-akèhé godhong tèh oolong diasilaké ing provinsi Fujian, uga diasilaké déning perkebunan tèh ing Taiwan. Varian tèh oolong sing misuwur tuladhané tieguanyin (鐵觀音) asal saka Fujian.
| |
Archaea (utawa Archea) iku sawijining golongan organisme sèl tunggal. Jenengé asal saka Basa Yunani: αρχαία, "kang tuwa". Jeneng liya ya iku Archaebacteria.
Archaea iku wujudé cilik, wujud organisme kang prasaja. Wiwitan tinemu sajeroning kaanan èktrim extremophile, nanging saiki dianggep umum sajeroning kandisi kang biyasa. Akèh kang bisa tahan urip ing suhu dhuwur banget (punjul 80 °C) utawa cendhèk banget, utawa ing banyu kang asem, asin banget utawa banyu alkalin. Sawetara tinemu ing geyser, black smoker, sumur lenga, lan ing samodra kang jero. Riset anyar nemu archea kang mangan amonia ing lemah lan banyu segara. Bab iki nuduhaké tansaya wigatiné peran archaea tinaimbang sadurungé.
Archaea, Eukariota lan Baktèri dumunung ana ing karajan sajeroning sistem kang béda-béda. Archaea, kaya déné baktèri, organisme sèl tunggal kang ora duwé nukleus lan amarga saka iku diklasifikasèkaké minangka prokariota — dikenal minangka monera sajeroning lima karajan taksonomi.
| |
Ing wayah sore tanggal 29 Juli 1900, Umberto dipateni ing Monza . Sang Prabu ditembak kaping papat dening anarkis Italia-Amerika , Gaetano Bresci . Bresci nyatakake dheweke pengin ngukum wong sing mateni ing Milan sajrone panindhes saka kerusuhan Mei 1898.Ngomong babagan kitab 1969 Killing No Murder dening Edward Hyams, kritikus Kanada George Fetherling ing The Book of Assassins nyatakake yen katrangan dening Hyams of Umberto I "dadi atos yen ana sing ngiwa kanggo gumun sing mung telung wong nyoba mateni dheweke".
Umberto dikubur ing Pantheon ing Roma, ing sisih bapakne Victor Emmanuel II, tanggal 9 Agustus 1900.Dheweke yaiku Savoy pungkasan sing bakal dikubur ana ing kono, amarga putrane lan penggantine Victor Emmanuel III seda ing pangasingan lan disarèkaké ing Mesir nganti sisa- sisaé ditransfer menyang Vicoforte cedhak Cuneo ing 2017.
narkis Amerika Leon F. Czolgosz nyatakake yen pembunuhan Umberto I minangka inspirasi kanggo mateni Presiden AS William McKinley ing September 1901.
| |
Mark Peter Gertruda Andreas van Bommel (Pocapan ing basa Walanda: [ˈmɑr(ə)k fɑm ˈbɔməl]; lair tanggal 22 April 1977) ya iku mantan pamain bal-balan profésional.
Van Bommel menangake Liga Champions UEFA 2005-06 karo FC Barcelona lan minangka bagéyan saka tim Walanda sing dadi runner up Piala Donya FIFA 2010. Piala FIFA World Cup ngandhakaké dhèwèké minangka "mesin pencetus lan pemenang bal, nanging uga duwé pamain sing apik lan wasis ing tendangan bébas, nalika ana ing PSV." Nalika main kanggo Bayern Munich, dhèwèké dadi kaptèn non-Jerman pisanan. Sasuwéné wektu iki, dhèwèké mimpin tim kasebut kanggo rong gelar Bundesliga, lan dadi runner up ing Final Liga Champions UEFA 2010.
Antarané 2000 lan 2011, Van Bommel menangaké wolung gelar kajuwaran nasional ing papat kompetisi béda, papat karo PSV, loro karo Bayern Munich, siji karo Barcelona lan siji karo Milan. Dhèwèké uga mantu mènèjer mantan timnas Walanda Bert van Marwijk.
| |
Douglas Adams (lair ing Cambridge, Britania Raya, 11 Maret 1952-tilar donya ing Santa Barbara, California, AS, 11 Mèi 2001) iku panulis buku lan sandiwara Inggris. Dhèwèké misuwur déning karyané Hitchhiker's Guide to the Galaxy sing wiwitané iku sandiwara radio. Banjur karyané iki bakal dadi 'trilogi' buku sing kawangun saka limang buku, dolanan komputer, sérial TV lan filem biyoskup. Sumbangsihé Douglas Adams marang radio Inggris iku dilestarèkaké ing The Radio Academy Hall of Fame.
Douglas Adams iku uga sawijining atéis kawentar. Dhèwèké mangaribawani atéis militan Richard Dawkins. Bukuné Dawkins The God Delusion (2006), diprasembahaké marang Douglas Adams.
| |
Rosa Parks (4 Fèbruari 1913 – 24 Oktober 2005) punika aktivis hak asasi Afro-Amérika ingkang dipunsebat déning Kongrès Amérikah Sarékat minangka "Ibu perobahan Hak Asasi Manungsa Modhèrn".
Ing tanggal 1 Dhésèmber 1955, Parks dados misuwur sasampunipun nulak nuruti préntah sopir bis James Blake supados maringaken kursinipun amrih sadaya ruangan namung kanggé penumpang kulit pethak. Aksi kabotenmanutan punika miwiti Boikot Bus Montgomery, ingkang wujud salah satunggiling perobahan paling ageng nglawan pamisahan ras.
| |
Menhir ya iku paninggalan sajarah awujud watu. Lumrahé menhir iki kanggo sarana pamujan roh nenek moyang.Menhir kagolong kasil saka budaya megalitikum kang awujud saka ukuran 50 cm nganti 3mèter lan ngadek lan ngombol dadi siji, tumuju barisan temu gelang, segipapat, bujursangkar lan ora awujud.
| |
Viktoria ya iku personifikasi saka dewi kemenangan. Dhèwèké ya iku penyetaraan saka dewi Nike saka Yunani Kuna, lan ana gegayutan karo Bellona. Dhèwèké diadaptasi saka Sabine (dewi tetanèn Vacuna) lan duwé sawijining kuil ing Palatine Hill. Dewi Vika Pota kadang kala uga diidentifikasike karo Viktoria. Ora padha karo Nike Yunani, Victoria (basa Latin kanggo "kemenangan") ya iku pérangan utama saka masarakat Romawi. Ana sapérangan kuil kang didegake kanggo ngurmati Viktoria. Nalika patung Viktoria diancurake nalika taun 382 déning kaisar Gratianus, nalika iku muga ana kadadéan nesune wong-wong kang ana ing Roma. Viktoria racaké dadi sesembahan saka jenderal kang olèh kamenangan sabalune saka perang. Ora kaya Nike saka Yunani, Viktoria uga misuwur sukses ana ing ulah raga atletik kaya balap kreta perang, Viktoria dadi simbul kemenangan amarga ana kepaten lan kang nentokake sapa kang suses ana ing sadawané perang. Viktoria ana ing dhuwit logam saka bangsa Romawi, perhiasan, arsitèktur, lan kagunan liyané. Viktoria luwih sok katon karo utawa ana ing kreta, kaya ana ing karya kagunan patung pungkasan abad ka-18 kang makili kemenangan ana ing quadriga Gerbang Brandenburg ing Berlin-Jerman.
| |
Yosefus (sawatawis 37 M. – sakiwa-tengené 100), ingkang misuwur ing kapasitasipun dados tiyang warga nègara Romawi, dados Flavius Yosefus, inggih punika tiyang sejarahwan lan apologet Yahudi abad pertama keturunan imam lan raja-raja ingkang tahan lan nyèrat Penghancuran Yerusalem ing 70. Karya-karyanipun maringi pemahaman ingkang wigati babagan Yudaisme ing abad kawiwitan.
| |
Sepisanan kalkun tinemu an ing tlatah Amérika, ing wong orang Éropah salah ngenali kanggo manuk Afrika Numida meleagris lan misuwur karann jeneng "pitik turki" Karana dikirim saka Éropah Tengah ngelewatiTurki. Ing basa Inggris, kalkun misuwur karan jeneng "Turkey" nganti srepéné. Kalkun kagolong génus Meleagrising basa basa Yunani kang artiné "unggas saka Guinea".
Kalkun ya iku ejaan saka basa Indonésia kanggo basa Walanda "kalkoen" kang dijupuk saka jeneng kutha Kalikut ing India.Lan pitik Walanda duwé sesebutan utawa jeneng basa Melayu kanggo kalkun. ing basa Denmark lan Nurwègen, kalkun uga mau karan jeneng kalkun, utawa kalkon (basa Swedia), Kalkuun (basa Jerman hilir), kalkkuna (basa Finlandia), lan kalakuna ing basa Papiamento.
Ing basa Nahuatl, kalkun alasan mau guajolote (ejaan lama: xuehxolotl).
Ing basa Spanyol mau Pavo.
Ing basa Turki mau hindi kang artiné "saka India." wong Prancis asring nyebut d'inde (singkatan saka basa basa Prancis poulet d'inde kang artiné "pitik saka India").
Ing basa Katalan mau gall dindi (ayam India).
Ing Basa Ibrani mau tarnegol hodu (תרנגול הודו), kang kanthi harafiah artiné "ayam India". Sacara kebeneran, hodu (India) merupakan homonim yang juga berarti "terima kasih" (basa Inggris: "thanks"). Sehingga sok ada salah tegesé, "tarnegol hodu" dikira tegesé "ayam kanggo Thanksgiving".
Ing basa Rusia mau indiuk (индюк), indyk sajeroning basa Polen, utawa indik (אינדיק) ing basa Yiddish kang kabèh iku artiné India.
Ing basa Malta mau dundjan (dibaca dondyan) kang artiné India.
Ing basa Arab mau deek roumi (ديك رومي) kang tegesé pitik lanang Romawi utawa manu Ethiopia.
Ing basa Portugis mau peru, padha jeneng nagara Peru.
Ing basa Yunani mau gallopoula kang artiné "manuk Perancis".
Ing basa Bulgaria mau Пуйка (puijka) utawa Мисирка (misirka) kang artiné nagara Mesir.
Ing basa Gaelik Sekotlan mau cearc frangach kang artiné "Ayam Perancis".
Ing basa Italia mau tacchino.
Ing basa Jepang mau 七面鳥 (shichimenchō ayam pitu rai) utawa 칠면조 chilmyeonjo ing basa Koréa.
Ing basa Tionghoa mau (火鸡) huoji amarga endasé duwé warna abang kaya warna geni
| |
iPod iku sajinising séri juru main média portabel gawéyané Apple. iPod iku pisanan dibabar ing tanggal 23 Oktober 2001 lan nganti pungkasan taun 2010 wis didol punjul 260.000.000 unit sing payu. Ing taun 2010 iPod iku bisa dipérang dadi patang modèl: iPod Classic, iPod Touch, iPod Nano lan iPod Shuffle. Mémori iPod Classic iku nganggo cakram atos (harddisk) kamangka sing liyané nganggo mémori flash.
| |
Wallace Hume Carothers (27 April 1896 - 29 April 1937) iku sawijining kimiawan Amérikah Sarékat, sing asalé saka perusahaan indhustri E.I. du Pont de Nemours and Company, diurmati amarga panemon nilon nalika taun 1935.
Émané, wiwit mangsa enom panjenengané kaganggu déning masalah depresi gangguan bipolar, saéngga panjenengané nglalu kanthi ngombé jus campur sianida rong dina sawisé ambal warsané sing kaping-41.
| |
Powiat Białobrzegi iku powiat (kaya déné “kabupatèn” in Tanah Jawa) ing Polen. Kutha krajané ya iku Białobrzegi. Powiat iki papané ana ing provinsi Mazowia lan sing ndunungi 33.545 jiwa.
| |
Wong Tivertsi (Basa Ukrania: Тиверці, Rusia: Тиверцы, Basa Rumania: Tiverți), ya iku sawijining golonganing warga Slavik Wétan kang kawitan kang ndunungi wewengkon palemahan sachedaké Dniester. Uga ndunungi Danube pérangan ngisor, kang ana ing Ukraina Kulon jaman saiki lan Moldova, uga bokmenawa ana ing Rumeni sisih wétan lan wewengkon Odésa sisih kidul oblast of Ukraine. Wong Tivertsi iku golonganing warga kang mujudaké bangsa Moldova lan uga bangsa Ukraina, mligi sub-bangsa lan wewengkon historis Podolia. Katurunané wong Tivertsi, ya iku wong Podolia kuwi minangka sun-golonganing wong Ukraina kang mirunggan.
| |
Olimpiade mungsa panas kaping 1 iku Olimpiade modhèren pisanan, sawisé Olimpiade Kuna dibatalaké déning Kaisar Romawi Theodosius taun 393 M.
Ing sawijining kongrès nalika taun 1894 kang diadani déning Pierre de Coubertin ing Paris, Komite Olimpiade Internasional (IOC) diyasa, lan kutha krajan Yunani Athena dipilih minangka tuwan omah Olimpiade modhèren pisanan. Yunani ora duwé pengalaman sajeroning panyelenggaraan even ulah raga, lan awalé uga duwé masalah dhuwit, nanging akiré kasil nyiapaké kabèh tekan titi wanciné.
| |
null | |
Koala punika satunggaling marsupial hèrbivor ingkang aslinipun saking Australia. Koala punika tunggal-tunggalipun wakil saking kulawargi Phascolarctidae. Koala punika gadhah nami latin Phasclarctas Cinereus. Koala jaler saha koala wadon punika gadhah ciri fisik ingkang bénten. Manawi koala jaler punika ukuran badanipun langkung ageng tinimbang koala wadon. Miliginipun Koala ingkang gesang wonten ing pérangan Australia Kidul punika ukuranipun langkung ageng kirang langkung 30% tinimbang koala ingkang gesang wonten ing Australia lèr.
Koala punika kados bruwang alit ingkang manggén wonten ing wit-witan. Koala kalebet kéwan hèrbivor. Kéwan koala punika awratipun kirang langkung 9 kg (£ 20). Ulesipun kandel, limrahipun awerni ngawu layan saha wonten werni coklat sakedhik-sakedhik.
Koala punika boten kalebet bruwang sanajan wujudipun kados bruwang alit. Koala boten gadhah plasenta utawi boten kalebet salah satunggaling mamalia. Nanging koala kalebet kéwan marsupial ingkang nglairaken anak saha ngagengaken wonten ing kanthong. Saéngga boten leres manawi koala dipunwastani koala bruwang nanging cekap dipunwastani kanthi nama koala kémawon.
| |
Chondrichthyes atawa iwak kang duwé balung rawan ya iku iwak kang duwé untu, duwé sirip sapasang, bolongané irung ana loro, sisik, jantung rong ruang, lan balung kang saka balung rawan dudu balung sajati. Dibagi dadi rong subkelas: Elasmobranchii (hiu, pari lan skate) lan Holocephali (kimera, kadang-kadang karan uga hiu hantu, lan kadang dipisahaké dadi kelas liya dhéwé).
| |
Dikira-kira ana 10 yuta wong ing kabèh nagara sadonya kang nggonakake Khat saben dina. Utamane déning masarakat ing Tanduk Afrika lan jazirah Arab, ing kana mamah lan mangan khat duwé sajarah dawa lan wis dadi tradisi ing masarakat mau wiwit éwon taun kapungkur.
Padatan amah Khat ing Yaman racaké mung dilakokake déning wong lanan, mamah khat déning wong wadon dianggep ora sopan lan jarang dilakoni. Akèh panaliti ngira-ngira yèn sakiwa-tengené 70%-80% ing Yaman ya iku umur 16 lan 50 taun dadi panganggo khat, saora-orane ing wektu selane. Wis dikira-kira yèn Yaman ana sakiwa-tengené 14,6 yuta wong saben sakjam saben dina kang mamah khat. Para paneliti uga ngira-ngira yèn kulawarga ngentèkaké 17% saka dhuwit blanja kanggo tuku khat.
| |
Zeami Motokiyo (世阿弥 元清) ugi dipunsebat Kanze Motokiyo (観世 元清、1363 - 1443) punika aktor lan dramawan Jepang. Panjenenganipun nyerat punapa ingkang kedah dipunlampahi aktor Noh, lan ndamel pacakan teater Noh minangka wangun seni. Noh wujud jinis drama musik Jepang. Buku-buku Zeami boten namung nelakaken pripun aktor mainaken peranipun, nanging ugi nyerat perkawis sajarah lan filsafat, dhedhasar budaya spiritual Jepang.
Bapanipun Zeami, Kan'ami (観阿弥), ugi aktor lan dramawan. Kan'ami gadhah teater piyambak lan keliling kaliyan anggotanipun. Panjenenganipun mulang kaprigelanipun marang Zeami. Bapa lan putra puniki wujud tiyang wigati ing teater Noh, lan ndamel Noh kados sapunika.
Nalika upados Kan'ami ngawontenaken pertunjukan kanggé Shogun Jepang, Ashikaga Yoshimitsu, sang Shogun nawani Zeami pendidikan lapangan. Zeami puniya priyantun bagus kanthi swantun saé, lan Yoshimitsu remen marang pasuryan lan bakatipun. sasampunipun nggantosaken bapanipun, lan dados pamimpin teater, Zeami teras nedahaken lan ngadhaptasi gayanipun dados Noh kados sapuniki. Campuran tèknik pantomim lan swantun, sampun narik Jepang laminipun atusan taun.
| |
Musaceae punika kulawargi tetaneman pisang. Tetaneman punika gesangipun namun ing laladan tropis kémawon. Nanging ing laladan asrep kabukti uga saged gesang ing lebet griya malahan wonten pot barang.
Kulawargi musaceae katingalipun asalipun saking Asia Kidul-Wétan. Lajeng déning bangsa Austronesia, leluhuripun bangsa Indonésia, ugi kabekta dhateng Madagaskar kaliyan Afrika. Lajeng malih déning tiyang Éropah dipunbekta dhateng Amérika.
Ing kulawargi kagolong musaceae wonten 42 spésies kaliyan 3 ordho.
| |
Desmond Mpilo Tutu inggih punika salah satunggalipun téolog ingkang asalipun saking Afrika Kidul. Panjenenganipun ugi kalebet aktivis ingkang misuwur ing taun 1980-an minangka salah satunggalipun panentang apartheid. Tutu dipunpilih lan dipuntahbisaken dados biskop kulit cemeng ingkang sapisan ing Gréja Anglikan Panjenenganipun dipuntahbisaken ing Kutha Cape Town.
Prèsidhén Afrika Kidul, Nelson Mandela ugi gadhah pamanggih ingkang saé babagan Tutu. Panjenenganipun ngendikan bilih Tutu inggih punika tiyang ingkang boten naté ajrih nywantenaken "sinten ingkang boten saged maringi swanten".
| |
[[File:Abandoned aircraft museum at Khodynka airdrome (7721083396).jpg|220px|thumb|Mi-6直升機上的塗鴉噴漆]] Miturut basa Indonesia, grafiti ya iku serapan saka basa asing grafiti. Miturut Webster’s New World College Dictionary (1996: 585), grafiti ya iku tulisan slogan utawa gambar kang dicorètaké ana ing témbok, panggonan umum, utawa médhia, kang bisa dideleng déning masarakat. Miturut Wikipedia, grafiti ya iku tulisan kang ana ing panggonan umum utawa médhia kang ora diduwèni déning para seniman.
| |
Durante degli Alighieri, langkung dipunkenal minangka Dante, (29 Mèi 1265 – 13/14 September 1321) punika panyair saking Firenze, Italia. Karya paling agengipun, la Divina Commedia (The Divine Comedy), dipunanggep minangka salah satunggiling karya literatur paling ageng ing Éropah ing Zaman Pertengahan, lan wujud dhasar basa Italia modhèren. Dante Alighieri Society, dipundegaken ing Italia taun 1889, nglajengaken upados pangembangan budaya lan basa Italia ing saindhenging donya atas namanipun.
| |
Sinisisme utawa Sinisme(Yunani: κυνισμός) ndhik wujud asliné ya iku paham sing dienut karo madahab Sinis (Yunani: Κυνικοί, Latin: Cynic), madahab filsafat Yunani sing ora nduwé gegayuhan lan mesti nganggep uwong liyo luwih ala, amarga kuwi piyambaké cynic atawa sinis. Aliran punika duwé idé yèn kabingahan sajati kuwi ora gumantung karo bab-bab sing acak utawa ngambang. Mangkané kaum Sinis kuwi nolak kabingahan saka kasugihan, karosan, lan kasarasan.
Minangka aliran filsafat, kautamaané Sinisme ya iku kepiyé penganuté urip lan duwé tingkah laku (malah uga Diogenes saka Sinope, sing nekakné Sinisme dadi filsafat. mènèhi adu panemu yèn Sinisme kuwi dadi filsafat utawa dalan urip). Aliran iki ora tau dadi madahab filsafat formal; uga, ora tau nduwé, lan ora tau bisa duwé, yasan sekolah filsafat sing fisik; lan uga ora tau nduwé dhoktrin filsafat. Nanging para filsuf wektu kuwi percaya yèn Sinisme duwé proyek filsafat, Plato mènèhi jejuluk aliran kuwi minangka "Socrates sing édan".
Tokoh filsuf Sinisme wektu awal-awalé ya iku Antisthenes lan sawisé piyambaké ya iku muridé sing jenengé Diogenes.
| |
Arwana Ijo saka Viètnam, Thailand, lan Malaysia
Arwana Emas saka Malaysia lan
Buntut Abang saka Nagara Indonèsia. Kalbar warna abang, Sumsel warna ijo putih.
Saliyanè iku uga ana Arowana Banjar Rèd, Arowana Bin/Pino, Arowana Jardini (spésies asli saka Irian), lan Arowana Silver Brazil.
Iwak hoki ana kang percaya iwak Arwana iki ndadèkake sapa kang duwè dadi beja, marakake sugih, kanthi duwé ciri kang mirunggan reganè bisa banget larangè ngati atusan yuta rupiyah.Iwak arwana iki kalebu iwak primitif akèh kang nemu fosile kang kurang luwih 10-60 kapungkur, lan wis èvolusi sepuluh yuta taun luwih. Pangananè iwak arwana ya iku: iwak cilik, kodok urang-urang, coro, jangkrik, lan klabang.
Iwak iki kalebu ing salah sijiné kulawarganè Ostèoglasidaè (kulawarga iwak kang ilatè duwé balung), ing dhasarè cangkemè awujud balung kang kanggonè padha karo untu.
Salah sijiné iwak arwana kang saiki meh langka ya iku jinis arwana asia (Scleropages formosus). Spesies iki duwé awak kang dawa, kanthi sirip duburè kang dawa adoh memburi awakè. Arwana asia iki duwé warna kepèrak-pèrakan, lan duwé rega èkonomi kang dhuwur, ing kolèktor fèng shui gelem bayar larang.
Umurè iwak arwana iki manut panggonan uripè. Yèn ta ana ing akuarium, bisa urip nganti 25 taun, nanging yèn ta urip ana kolam bisa nganti 60-70 taun.
Agus H. Tjakrawidjaja, ya iku wong kang neliti lan mbudidaya iwak arwana kanggo Program Widya dan Teknologi di Daerah (Iptekda) nuturakè yèn ta kepèngin iwak arwana bisa dawa umuré kanthi pasa. "Ikan arwana kudu dipasakè, supaya bisa njaga stabilitas abot awakè saéngga bisa luwih dawa umurè. Pakan iwan arwana kang paling apik ya iku kodhok kang sakdriji jenthikè wong dèwasa, utawa bisa uga iwak Mas, lan usus pitik. Siji iwak indukan diwènèhi rong kodhok sadinanè kaping pindho. Aturanè sadina mangan, sadina pasa. Yèn diwènèhi mangan kang kerep iwakè bakal rikat lemu, ora payu kaadol. Manawa lemu uga bisa nyiksa iwake amarga ana lemak kang mbunteti kanthong amabeganè bajur bisa marakakè iwak angèl obahakè awakè.
| |
Morfologi utawa widyatembung punika salah satunggaling cabang linguistik. Morfologi ateges cabang linguistik ingkang ngèdintifikasi ékan-ékan dhasar basa dadi ékan gramatikal. Morfologi nyinaoni asalipun tembung kaliyan pengaruhipun owah-owahan wujud tembung terhadap golongan lan arti tembung. utawi morfologi punika ndipunsinauni bentukipun tembung sarta fungsi owah-owahan wujud tembung iku, fungsi gramatik utawa fungsi semantik.
| |
1945 – Adolf Hitler émah-émah kaliyan Eva Braun, yangipun.
29 April 2011 Pawiwahan Pangéran William saking Karajan Manunggal lan Kate Middleton kalaksanan ing Gréja Westminster Abbey, London, Inggris.
| |
Petra ya iku salah sawijining 7 kaajaiban donya anyar kang panggoné ing Yordania. Pernahé ana ing antarané Segara Abang lan Segara Mati lan minangka jalur kang wigati ing antarané Arabia, Mesir, lan Suriah-Phoenicia. Bab iki ngélingaké wis majuné tèhnik pangyasa lan peradaban manungsa ing jaman biyèn. Kaya yasan kang uga apik (tuladhané : Piramida Giza, Taman gantung, Piramida Meksiko, lsp) kang kalebu yasan kang duwé sajarah. Megahé yasan petra iki, amarga kutha iki ngadege karo natahi témbok-témbok watu. Petra asalé saka basa yunani kang tegesé watu. Petra ya iku simbul tèhnik lan pengamanan. Tembung dijipuk ing yasan kuthane kang digawé saka watu-watu ning Wadi Araba, ya iku lembah cadhas ning Yordania, éloké kutha iki amarga nganggo didhudhuk lan ngukir cadhas kang dhuwuré 40 mèter.
Petra ya iku kutha krajané Kedhaton Nabatean. Ngadegke inf taun 9 SM-40 M saka Raja Aretas IV dadi kutha kang angèl ditembus mungsuh lan aman saka kaanan alam kaya badai wedhi. Suku Nabatean yasa Petra nganggo sistem pengairan kang ribet. Eneng trowongan banyu lan bilik banyu resik menyang kutha, saéngga bisa kanthi nyegah banjir bandang. Uga duwé tèknologi hidrolik kanggo ngangkat banyu.
Ning jeroné yasan Petra iki uga eneng panggonan kanggo teater {gedhong urun rembug/pementasan) kang bisa nampung 4000 wong. Saikiki, [[Makam Hellenistis kang duwé dhuwur 42 mèter isih kukuh ngadeg impresif ning kana.
Yasan iki dadi kuthané suku Nabatian, ya iku kutha kang panggoné kurang luwih leté 3-5 jam liwat dalan dharat saka Kutha Amman, Yordania, mbiyèn dadi kutha krajané Suku Nabatean, salah sawijining suku kang sakrumpun karo bangsa Arab kang wis urip sadurungé mlebuné Bangsa Romawi. Sunyatane, asal-usul Suku Nabatean ora eneng kang ngerti. Amarga kondhangé dadi suku kang senengané ngumbara ing ngendi-endi nganggo unta lan wedhus.
| |
James Bond 007 (kondhang kanthi jejuluk James Bond, Agen 007, utawa JB) ya iku karakter fiksi sing diciptakna taun 1953 déning penulis Ian Fleming, sing sakterusé muncul ing rolas basa novèl lan loro kolèksi carita cendhak versi original. Karakter iki dadi waralaba médhia filem paling laris lan paling suksès sak donya nganti saiki, diawali taun 1962 ing Dr. No.
Sawisé Fleming séda ing taun 1964, panulisan novèl James Bond diterusake déning Kingley Amis (Robert Markham), John Pearson, John Gardner, Raymond Benson, lan Sebastian Faulks. Saliyané iku, Christopher Wood menovelisasi loro filem dadi? novèl. Charlie Highson nulis carita ngenani Young James Bond, lan para panulis liyané éntuk kapercayaan kanggo ngembangaké carita James Bond non-resmi.
Ing jaman iki wis ana 22 filem James Bond resmi sing dirilis déning pihak EON Productions (déning prodhuser Albert R. Broccoli lan Harry Saltzman), saliyané sawatara versi non-resmi sing dikembangake déning prodhuser-prodhuser liyané.
| |
Manuk sekrétaris iku manuk èndhemik saka Sub-Sahara Afrika lan nonmigran, sanajan padha bisa waé pindhah ngetutaké sumber pangané. Pasebarané wiwit saka Mauritania tumeka Somalia lan sisih kidul tumeka ing Tanjung Harapan. Manuk iki uga ditemokaké ing manéka warna dhataran, saka dhataran gisik nganti ing dhataran dhuwur.
| |
Kemul utawa selimut ya iku piranti kang dienggo nalika turu utawa nalika ngrasa katisen. Kemul warna-warna regane miturut kandel orané kemul, bahan kanggo gawé kemul, lan papan dodolane kemul. Saiki, akèh kemul kang manéka warna gambar supaya bisa narik konsumen anggoné tuku kemul.
| |
Lurung Gaza (Inggris: Gaza Strip Arab: قطاع غزة
transliteration: Qitˁɑ' Ġazzah/Qita' Ghazzah, basa Ibrani: רצועת עזה Retzu'at 'Azza) dikenal uga kanthi jeneng (Indonesia: Jalur Gaza), iku tlatah lurung ing sadawaning pasisir Segara Mediteran, dadi tapel wates antara Mesir ing kidul-kulon lan Israèl ing sisih lor-wétan. Dawané tlatah iki watara 41 km, lan watara 6 lan 12 km ambané, kanthi amba total 360 km,².
Jeneng tlatah iki njupuk saka jeneng Gaza, ya iku kutha mligi. Sing ndunungi watara 1.4 yuta, kabèh wong Palestina.
Tlatah lurung iki lan kang ndunungi kanthi nominal dibawahi Otoritas Nasional Palestina (ONP), senajansawisé pertempuran Gaza Juni 2007, kendhali sakbeneré ana ing tangan pamaréntahan de facto kang didominasi déning Hamas. Israèl ngontrol wewengkon udara lan aksès maritim lepas pasisir.
Lurung Gaza wektu iki ora diakoni kanthi internasional minangka péranganing sawenèh nagara kang ndarbèni kadhaulatan dhéwé.
| |
Bekicot utawa Achatina fulica ya iku sijining gastropoda darat kang ginolong ing suku Achatinidae.
Kéwan iki asalé saka Afrika Wétan banjur sumebar ing kabèh nagara amarga kegawa prau dagang, utawa sengaja digawa kanggo ingon-ingon utawa sumber pangan lan sabanjuré dadi spésies invasif paling ala lan gawé rusak ing bumi, sahengga pira-pira nagara gawé aturan kang nyegah wargane ndadekakae kéwan iki ingon-ingon kalebu Amerikah Sarekat. Kéwan iki rumatane gampang lan ing pira-pira panggon uga dipangan, kalebu ing Indonesia. Sanajan bisa uga nggawa parasit, bekicot ingon racaké ora nggawa parasit. Parasit kang digawa ya iku jinis cacing Angiostrongylus cantonensis kang njalari meningitis tumrape manungsa, kang nular kanthi cara mangan bekicot mentah utawa ora diolah kanthi sampurna.
| |
Thomas Hobbes (5 April 1588 – 4 Dhésèmber 1679) iku siji filsuf saka Inggris, kang misuwur kanthi bukuné Leviathan 1651, kang dadi dhasar tumrap filsafat pulitik Kulon. Hobbes dikenang kanthi karyané bab filsafat pulitik, sanajan karyané uga nyakup bab-bab liya kaya déné sajarah, èlmu ukur, teologi, etika, filsafat umum, lan èlmu pulitik. Saliyané iku, sumbangan pamikiran Hobbes bab alam manungsa minangka siji kerjasama kang madhiri utawa self-interested cooperation, wis kabukti dadi téyori kang tahan uji ing jagad antropologi filsafat.
| |
Reza Shah Pahlavi ( Pèrsi: رضا شاه پهلوی ; kocap [reˈzɑː ˈʃɑːhe pæhlæˈviː] ; 15 Maret 1878 - 26 Juli 1944), sing misuwur kanthi jeneng Reza Shah , yaiku Shah Iran saka 15 Desember 1925 nganti dheweke dipeksa dadi abdine dening invasi Anglo-Soviet ing Iran tanggal 16 September 1941.
Rong taun sawisé kudeta Persia 1921 , dipimpin déning Zia'eddin Tabatabaee , Reza Pahlavi dadi perdana menteri Iran. Pengangkatan kasebut didukung dening sidang nasional Iran. Ing taun 1925, Reza Pahlavi diangkat minangka raja hukum Iran kanthi kaputusan dadi wakil rakyat Iran. Déwan kasebut nggulingaké Ahmad Shah Qajar , Shah pungkasan saka dinasti Qajar , lan pindhah menyang konstitusi 1906 Iran kanggo ngidini pilihan Reza Pahlavi. Panjenenganipun ngedegaken dinasti Pahlavi ingkang dumugi taun 1979 nalika Revolusi Iran . Reza Shah nepungake pirang-pirang reformasi sosial, ekonomi, lan politik nalika pemerintahane, pungkasane mbangun pondasi negara Iran modern.
Warisan-Nya tetep kontroversial nganti saiki. Pembélaoné nyatakaké yèn dhèwèké minangka pasukan modhèrn modernisasi kanggo Iran (sing utamané internasional sing diturunaké nalika pamaréntahan Qajar), nalika para pengkritik nyatakaké yèn dhèwèké asring ngrusak, amarga gagal nganyataké modhèl petani gedhe ing Iran sing pungkasané nyebar wiji kanggo Revolusi Iran hampir patang puluh taun salajengipun, ingkang mungkasi 2,500 taun raja Persia . Kajaba iku, desakan marang nasionalisme ètnik lan unitarisme budaya, bebarengan karo penghargaan lan sedentarization dipaksa, nyebabaké panindhes sawatara kelompok etnis lan sosial. Kaya karo kawicaksanan Atatürk Turunané , pamaréntahané uga nglakokaké kawicaksanan ekstensif Persianisasi kanggo nggawé bangsa, tunggal, lan sapérangan homogen.
| |
Alphege punika satunggiling santo ingkang dipunlairaken ing Inggris salebetipun kulawarga bangsawan. Alphege dipunangkat dados biskop ing kitha Winchester nalika tanggal 19 Oktober 984. Salaminipun dados biskop, panjenenganipun gadhah tanggel waler dhumateng pendamelan satunggiling orgel ageng ing Katedral ingkang swantunipun saged kapireng dumugi 1 mil tebihipun lan mbetahaken 24 tiyang kanggé mainaken, nglampahaken Panambahan ageng gedhong gréja, sarta mucalaken piwucal Swithun. Nalika taun 994, serbuan bangsa Viking ingkang dipunpimpin déning Olaf Tryggvason nggayuh gencatan senjata ingkang dipunprakarsani déning Alphege. Nalika taun 1006, Alphege dipunangkat dados Biskop Agung ing Canterbury. Salaminipun ing Canterbury, penjenenganipun nepangaken kultus Dunstan lan maringi préntah kanggé panyeratan buku kanthi irah-irahan "The Second Life of Dunstan", satunggiling ayahan ingkang dipunemban déning Adelard antawis taun 1006 dumugi taun 1011. Nalika taun 1011, tiyang-tiyang Danes nyerbu Canterbury lan kasil nyipeng Alphege. Panjenenganipun dipunpejahi nalika taun 1012 ing Greenwich amargi boten purun mbayar tebusan kanggé pambébasanipun. Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Katedral St. Petrus. Panjenenganipun dipunlebetaken dhumateng salebetipun pratélan santo nalika taun 1078 déning Paus Gregorius VII.
| |
null | |
null | |
Pulau Rhun ya iku désa kang ana ing Kacamatan Banda Kabupatèn Maluku Tengah, Maluku, Indonésia.
| |
Asam nukleat (basa Inggris: nucleic acid) iku makromolekul biokimia sing komplèks, kanthi bobot molekul dhuwur, lan kasusun mawa ranté nukleotida sing ngandhut informasi genetik. Asam nukleat sing paling umum ya iku Asam deoksiribonukleat (DNA) lan Asam ribonukleat (RNA). Asam nukleat tinemu ing kabèh sel urip sarta ing virus.
Asam nukleat dijenengi mangkono amarga kaanan lumrahé ing njero inti (nukleus) sel. Asam nukleat wujud biopolimer, lan monomer panyusuné ya iku nukleotida. Saben nukleotida kasusun saka telung komponèn, ya iku siji basa nitrogen heterosiklik (purin utawa pirimidin), siji gula pentosa, lan siji gugus fosfat. Jinis asem nukleat dibédakaké déning jinis gula sing ana ing ranté asem nukleat mau (upamané, DNA utawa asem deoksiribonukleat ngandhut 2-deoksiribosa). Saliyané iku, basa nitrogen sing tinemu ing rong jinis asem nukleat mau duwé béda: adenin, sitosin, lan guanin bisa tinemu ing RNA uga ing DNA, déné timin bisa tinemu mung ing DNA lan urasil bisa tinemu mung ing RNA.
| |
Témbok Berlin (basa Jerman Die Berliner Mauer) iku témbok sing tau mbedhah kutha Berlin antara taun 1961-1989 ing kutha Berlin Kulon lan Berlin Wétan nalika jaman Perang Dingin. Tembok Berlin dibangun déning pamaréntah kuminis Jerman Wétan kanggo mbendhung pedhunungé supaya ora mlayu menyang Jerman Kulon.
Tembok Berlin dibangun tanggal 13 Agustus 1961 lan lagi dibuka ing tanggal 9 November 1989.
| |
null | |
Kanker payudara iku kanker ing jaringan payudara. Iki wujud jinis kanker paling umum kang ditandhang kaum wanita. Kaum priya uga bisa kaserang kanker payudara, sanajan kamungelané luwih cilik tinimbang wanita. Pangobatan kang paling umum ya iku kanthi pambedhahan lan yèn perlu diterusaké mawa kemoterapi uga radiasi. Lelara kanker iku bisa kadadéan amarga pola panguripan kang kurang séhat.
| |
Ing taun 1476, Louis diwènèhi tanggungan nikah karo Joan saking (1464–1505) kang salah, putri sadulur loro-lorone kabèh, Louis XI, "Raja Laba-laba" Prancis kang umuré setengah tuwa. Joan wés ditahbisaké déning Gréja Katolik. Sawisé para leluhur Louis XII Charles VIII tilar donya tanpa keturunan, kawiné Louis dibatalaké kanthi upaya kanggo ngijinaké nikahi kaliyan janda Charles, mantan Permaisuri, Anne saking Bretagne (1477–1514), kang putri lan pewaris Francis II saking Bretagne, kanthi maksud strategi kanggo nggabungaké wewengkon adipati Bretagne ing njero kakuasaan Prancis.
Nanging prastawa batal mau digambaraké minangka "salah sijining tuntutan hukum jaman", babagan ora gampang. Louis ora kaya wong kang diarepaké, nduwé penemu manawa batalé kawinan mau amarga ana gayutan sadulur (tunjangan umum kanggo bubaré kawinan ing wektu iku). Sanadyan panjenengané bisa nggawa saksi kanggo mbuktèkaké manawa kaloroné duwé gayutan kang rumaket amarga pirang-pirang prastawa kawinan kang kadadéan, ora ana bukti dhokumèn babagan iku, mung sapropirané penemu saka wong-wong pura. Mangkono uga, Louis ora bisa mbantah manawa panjenengané wés gedhé akil balig (14 taun) kanggo nikah: ora ana kang mesti kapan panjenengané dilairakeé, karo Louis kang ngaku kang umuré 12 taun ing wektu iku, lan kang liyané wiwit nafsiraké panjenengané sadaya umuré 11 lan 13 taun. Sanadyan mangkono, amarga ora ana bukti kang nyata, panjenengané kapeksa nggawé argumen liyané.
Saka Kepausan minangka pihak kang nétral, ngendika Joan bakal menang, amarga kasus Louis kang ora kuat buktineé. Mesakaké banget nasibé Ratu, Paus Aleksander VI (mantan Roderic Borja) digelar amarga alesan politis kanggo mènèhi ijin pegat, lan panjenengané maréntah nentang Joan, ngijinaké prastawa batal mau. Prastawa Batal mau diwènèhaké kanthi alesan manawa Louis ora bébas nikah, nanging dipeksa kanggo nikahi amarga préntah bapaké Joan Louis XI. kanthi angkara murka, Joan wegah minggir, lan nduwé alesan manawa panjenengané bakalan ndonga kanggo bekas bojoné, lan Louis padha wegahé nikahi bekas Ratu Anne.
Sawisé tilar donyané Anne, Louis salanjuté nikahi Mary Tudor, Ratu Prancis (1496–1533), seduluré Henry VIII saking Inggris, Raja Inggris ing Abbeville, Prancis, nalika tanggal 9 Oktober 1514, kanthi upaya kanggo bisa ngasilaké keturunan pewaris tahtané lan calon kang yasa pewaris mangsa ngarep kanggo keturunan-keturunane saka tahta Inggris uga. Panjenengané akhiré ora kasil. Sanadyan kaloro kawinané sadurungé, raja ora duwé keturunan lanang urip lan nduwé upaya kanggo ngasilaké salah sijining pewaris; nanging Louis tilar donya tanggal 1 Januari 1515, kurang saka 3 wulan sawisé nikahi Mary, miturt pirang-pirang sumber amarga kesel lan kabèh tenagané dienggo ing kasur. Nikahé panjenengané loro kabèh ora ngasilaké keturunan.
| |
Gnocchi (diwaca N(Y)OK-ee, N(Y)OH-kee, N(Y)AW-, palafalan jroning basa Italia: [ˈɲɔkki] ; tunggal gnocco) minangka sawijining pasta sing digawé manèka maujud empuk, cilik, lan alus. Adhonan biasané digawé saka semolina, ya iku glepung gandum, endhog, keju, kentang, panir, jagung utawa bahan sing mèh padha, lan bisa uga kalebu rasa rempah-rempah, sayuran, coklat utawa prun. Adonan kanggo gnocchi asring digulung sadurungé dikethok dadi irisan cilik sak ukuran anggur . Panganan ikibanjur dicithak karo garpu utawa parut kanggo nggawé rempah-rempah sing bisa ngresap lan nahan saos. Utawa, gnocchi mung diiris dadi sethithik Gnocchi racaké dipangan minangka pengganti pasta., nanging uga bisa dadi lawuh sesisih menyang sawetara panganan utama.
Kaya akéh masakan Itali, gnocchi duwe akèh variasi resep lan jeneng ing macem-macem wilayah. Tuladhané, Lombard lan Tuscan malfatti (sacara harfiah ora digawé ) digawé karo ricotta, glepung lan bayem, uga tambahan macem-macem ramuan liyané yen dibutuhaké. Tuscan gnudi khas ngemot tepung sethithik nanging ana macem-macem jinis glepung, kayata Campanian strangulaprievete, Apulian cavatelli, Sardinian malloreddus, lan liya-liyané. Gnocchi umumé dimasak dhewe ing banyu sing umub lan banjur diwènèhi saos gumantung saka jinis gnocchi lan resep sing digunakaké. Sawetara gnocchi bisa digawé saka potongan polenta utawa semolina sing wis dimasak medhok nganti garing, banjur dilebokaké karo keju lan mertèga lan rampung ing oven.
Gnocchi dipangan minangka panganan pambuka ( primo piatto ) uga alternatif sup ( minestre ) utawa pasta . Pengiringé gnocchi sing umum kalebu mèrtèga ilang karo sage, pesto, uga macem-macem saos. Umumé digawé rasa ing omah-omah padunung Italia lan warung Italia. Dheweke bisa uga tuku seger saka toko khusus. Ing pasar pasar, gnocchi diprodhuksi kanthi akéh, supaya bisa digunakaké awèt, digawé garing, utawa beku. Panyajèné padha karo pasta, kaya sing dipangan kanthi nggodhog banyu banjur diosèng karo saos. Yèn gnocchi cilik dilebokaké sup, bisa digawé kanthi mencet adonan gnocchi liwat parut kasar utawa sendhok.
| |
Hazrat Allama Dr Sir Muhammad Iqbal (Punjabi, (9 November 1877 Sialkot – 21 April 1938 Lahore) iku pujangga basa Pèrsi lan Urdu, filsuf lan politisi sing kanthi pamikirané dadi landhesan kamardikan wong Muslim saka jajahan Inggris lan madeg nagara dhéwé, ya iku Pakistan.
Sawisé sinau ing Cambridge, Munich, lan Heidelberg, Iqbal dadi pengacara nanging ora dadi laku padinan sing diugemi. Iqbal luwih seneng nulis prakara pulitik, ékonomi, sajarah, filsafat, lan agama. Dhèwèké luwih kondhang prakara gurit, kalebu Asrar-é-Khudi, Rumuz-é-Bekhudi, lan Bang-é-Dara.
Kadadean Sajeroning Uripé Muhammad Iqbal
| |
Kapuloan Turks lan Caicos iku wewengkon jaban rangkah Britania Raya kang dumadi saka 40 pulo tropis, 8 ing antarané ana kang ndunungi, ing Karibia, sisih wétan-kidul Bahama. Lanskap wewengkon iki mligi wujud watu kapur lan rawa bakau. Iklimé panas lan garing, nanging asring diterjang siklon tropis.
| |
Bancakan Weton artosipun inggih punika wilujengan ingkang dipunwontenaken ing dinten lair, asalipun saking tembung bancakan kaliyan tembung weton. Bancakan inggih punika pèngetan utawi ing basa Indonésianipun selamatan, weton inggih punika dinten lair ingkang tumuju ing Sistem pananggalan Jawi, ingkang cacahipun wonten 5 dinten pasaran: (pon, paing, wagé, kliwon, lan legi).
Tradhisi Jawi, taksih mrayogikaken sadaya tiyang dipundamelaken bancakan weton setaun sapisan utawi 35 dinten sapisan utawi sabotenipun sapisan ing salawasipun gesang. Nanging, saupami punika lajeng dipunbetahaken sanget, amargi sedhèrèkipun pikantuk sambékala ing salebeting gesangipun utawi watakipun sampun boten mranani, supados dipundamelaken wilujengan ing dalem 7 dinten ingkang boten pedhot-pedhot utawi teras ing dalem salebeting 8 wulan. Mupangatipun bancakan weton punika kanggé ngunjukaken raos syokur kanggé ingkang sampun ngasuh kita. Masarakat Jawi, taksih pitados manawi tiyang-tiyang gadhah pamomongipun piyambak-piyambak. Pamomong inggih gadhah pakaryan mbimbing lan maringi kawruh kanggé sadaya tiyang supados boten lepat anggènipun niti gesang ingkang saged dados reridu dhumateng piyambakipun.
Antawisipun pamomong kaliyan ingkang dipunemong raket sanget dados kakiyatan ingkang sami narik ingkang artosipun punika pamomong mbujuk ing dalem budi ingkang saé, nanging ingkang dipunemong péngin nindakaken budi ingkang awis lan sampun boten nindaki aturan-aturan ingkang sampun wonten ing tata pakerti ing masarakat, saéngga saged damel masarakat punika ajrih utawi boten tenang. Ing titi wancinipun, pamomong inggih kalah kaliyan ingkang dipunemong salajengipun pamomong boten kersa malih ngaturaken pepènget. Nènèk moyang taksih pitados manawi kedadèyan sak punika dipunjalari tiyang-tiyang punika boten ngawontenaken bancakan weton ingkang gadhah makna lintu nyelarasaken antawisipun lair kaliyan batin.
Saben putra ingkang nembé lair, dipunwontenaken bancakan weton ingkang sapisan nalika putra umur 35 dinten utawi selapan dinten. Putra ingkang sampun biyasa dipunwontenaken bancakan weton kalih tiyang sepuhipun, langkung ngatos-atos ing salebeting niti kagesangan punika lan saged dipuntebihaken saking bebaya.
Piranti ingkang saged dipunsiyagakaken ing bancakan weton inggih punika, satunggal kalo sega tumpeng kaliyan lawuhipun, godhong-godhongan lan bumbu urap, setambir ingkang ngemot woh-wohan, jajan pasar lan téla/polo ingkang sampun dipungodhog, bubur cacahipun 7 warni, satunggal nampan ngemot 3 warni unjukan dan satunggal mangkok kembang setaman.
| |
Zoë Wanamaker CBE (lair tanggal 13 Mèi 1949) iku sawijining aktris Britania katurunan Amérikah Sarékat.
Zoë Wanamaker iku wis akèh kerjasama karo Royal Shakespeare Company lan National Theatre ing Britania Agung. Dhèwèké wis taun olèh nominasi ping sanga kanggo pangaji Olivier Award, lan menangaké kanggo Once in a Lifetime (1979) lan Electra (1998). Awaké uga olèh patang nominasi pangaji Tony Award kanggo karyané ing Broadway; kanggo Piaf (1981), Loot (1986), Electra (1999), lan Awake and Sing! (2006).
Ing kelir amba Zoé Wanamaker mèlu main ing Wilde (1997), Harry Potter and the Philosopher's Stone (2001), lan My Week with Marilyn (2011), kamangka paragané ing kelir cilik télévisi iku kalebu minangka Tessa Piggott ing sérial drama Love Hurts (1992–1994) lan minangka Susan Harper ing komedi situasi My Family (2000–2011). Awaké uga mèlu main ing drama ITV Agatha Christie's Poirot, maragakaké Ariadne Oliver (2005–2013) lan Mr Selfridge (2015).
| |
Barnaby Rudge: A Tale of the Riots of Eighty (lumrahé kondhang minangka Barnaby Rudge) iku novèl sujarah sing dianggit novèlis Inggris, Charles Dickens. Barnaby Rudge dadi salah sawijining novèl saka rong novèl (liyané The Old Curiosity Shop) sing dibabar ing serial cekak minggon (1840–1841), Master Humphrey's Clock. Barnaby Rudge njupuk latar nalika Gordon Riots taun 1780.
Barnaby Rudge dadi novèl angka 5 Dickens sing dibabar. Novèl iki direncanaké arep dibabar minangka novèl kapisan, nanging panerbit sing asring diowah marakaké semaya. Novèl iki dibabar pisanan kanthi wujud seri ing Clock nalika February nganti November 1841.
Barnaby RudgeIt dadi novèl sujarah Dickens sing kapisan. Novèl sujarah liyané ya iku A Tale of Two Cities, sing njupuk latar ing masa revolusioner. Barnaby RudgeIt minangka salah sawijining novèl sing ora patèk kondhang lan jarang digawé kanthi wujud filem utawa serial tivi. Produksi sing kèri digawé déning BBC production taun 1960; sadurungé, wujud filem bisu digawé taun 1911 lan 1915.
| |
null | |
Psikotropika ya iku zat utawa usadha, sing awujud alami lan sintètis, nanging dudu narkotika, sing duwèni sifat psikoaktif kang selèktif marang susunan utek sing nyebabaké ngowahi kagiyatan méntal lan tumindak.
| |
Ray Tomlinson ya iku penemu layang-e (electronic mail). Ray Tomlinson lair ing New York, taun 1941. Tomlinson éntuk gelar dhoktor saka Massachussets Insatitute of Technology ing taun 1965. Rong taun candhaké dhèwèké nyambut gawé ing sawijining perusahaan tèknologi komputer. Layang-e kang wiwitan dikirim déning Tomlinson ing taun 1971. Nanging layang-e mung bisa dikirim panganggo komputer kang isih ana ing saarea. Banjur dhèwèké gawé panemon anyar. Dhèwèké bisa ngirim pesen ing bedha komputer lumantar internet kanthi nggunakaké tanda @ kanggo pratandha mesin panarima. Mula alamat layang-e dipastekake ngandhut symbol @. Tuladhané ya iku [email protected]. Alamat layang-e kapérang dadi rong pérangan tuladhané asti_daipena minangka alamat panganggo. Déné yahoo.com minangkan situs penyedia layanan.
Situs layang-e tugase ya iku ngirimake layang-e marang layang-e liyané. Akeh-akèhé layanan iki gratis, ora perlu bayar nalika ngirim utawa nampa layang. Ngenani simbol @ iku inisiatif saka Tomlinson minangka penemu layang-e. Tomlinson milih symbol @ amarga mirib karo hurup a, kang minangka hurup wiwitan saka tembung address kang tegesé alamat. Tomlinson nemu konsèp layang-e nalika dhèwèké nyambut gawé minangka programmer ing sawijining perusahaan tèknologi komputer, lan nyipta program pengirim file kanthi aran Cypnet.
| |
null | |
null | |
null | |
Galileo Galilei (Pisa, Italia, 1564 - 1642) punika satunggiling ngèlmuwan Italia. Piyambakipun ingkang manemokaken gaya gravitasi bumi kaliyan ingkang mangawruhi manawi planit punika sanès lintang. Ing basa Yunani, planit punika tegesipun "lintang nyasar".
Karyanipun ingkang misuwur judulipun Sidereus nuncius (1610) kaliyan Dialogo (1632).
| |
Sajeroning babagan kimia, hidrokarbon iku siji senyawa sing kapérang saka unsur karbon (C) lan hidrogen (H). Kabèh hidrokarbon duwé ranté karbon lan atom-atom hidrogen sing silih iket karo ranté mau. Istilah iku dipigunakaké uga minangka pangertèn saka hidrokarbon alifatik.
Minangka tuladhané, metana (gas rawa) iku hidrokarbon mawa siji atom karbon lan papat atom hidrogen: CH₄. Etana iku hidrokarbon (luwih rinci, siji alkana) sing kapérang saka rong atom karbon dadi siji mawa siji ikatan tunggal, saben atom karbon ngiket telu atom hidrogen: C₂H₆. Propana duwé telu atom C (C₃H₈) lan seterusé (CₙH2·n+2).
| |
Euryarchaeota ya iku filum Archaea. Euryarchaeota bisa urip ing lingkungan ekstrem. Tuladha Euryarchaeota ya iku Archaea halofil ekstrem (haloarchaea), metanogen, lan pirang-pirang jinis archaea thermofilik lan asidofilik. Haloarchaea bisa urip ing lingkungan kang duwé kadar uyah dhuwur. Organisme kang kagolong ing golongan iki mbutuhkake paling ora 9& NaCl kanggo urip. Kanggo urip optimale, mbutuhake 12-23% NaCl, nanging bisa urip nganti kadar NaCl 32%. Salah siji golongan Euryarchaeota ya iku bakteri metanogen, ya iku mikroorganisme kang bisa mroduksi metana minangka pérangan integral saka metabolisme energine, asipat anaerob obligat. Adhedhasar keragaman karakter dinding sel, metanogen kapérang dadi Methanobacterium, Methanosarcina, Methanocaldococcus, Methanoplanus, lan Methanospirillum. Bakteri metanogen dhéwé bisa tinemu ing usus manungsa..
| |
Ghassem Khan Sugriwa (1878 – 1933; Pèrsi: سردار همايون والی قاسم ), lan uga misuwur kanthi gelar militer Sardar Homayoun, putrane Ali Khan Vali lan putu saka Mohammad Ghazam vali iki pisanan Imperial Iranian Tentara general lulus saka adiluhung Saint-Cyr School Military ing Prancis, ingkang dipunbangun dening Napoleon taun 1802. Sajrone Overthrow saka dinasti Qajar, Sardar Homayoun didhukung dening politisi lan moderat lokal, sing didukung dening Edmund Ironside, Baron Ironside 1 lan Pamrentah Inggris, dadi Shah saka Persia (fakta menawa garis keturunan bisa dilacak menyang Qajar Wangsa Syailendra nate nambahake insentif kanggo nduwe dhampare ing tahta)Dhèwèké utamané nyuda kesetiaané marang Ahmad Shah, sanajan dingerteni yèn dhèwèké ora wedi marang kaslametané kulawargané lan keengganan moral kanggo nggunakake kekuwatan marang negoro-negaré, ukuran sing ora bisa ditindakake kanggo pangopènan monarki. Kepiyapane katon minangka pengecut ing Inggris, lan posisi kasebut banjur diwenehake marang Reza Shah Pahlavi .
Sajrone mangsa Reza Shah, dheweke diangkat dadi komandan Divisi Cossack ing Iran Lor.
Piyambakipun pensiun sakedhik sasampunipun kagunganipun kulawarga kanggé ngupayakake nulis lan tani. Aristokrat miyos, piyambakipun pracaya kaliyan karakter ingkang dipunparingake dening pendidikan militer lan disiplin. Seduluré, Doust Mohammad Khan Moayer ol-Mamalek, ana menantu saka Nasser al-Din Shah sing nikah putriné Putri Esmat os-Saltaneh.
Dheweke duwe anak lanang lima lan putrane loro. Anak-anaké, Ebrahim lan Ali Vali, uga njabat ing Angkatan Darat Iran Imperial minangka jenderal tentara nalika masa pamaréntahan Mohammad Reza Shah .
Dheweke dadi Walikota Tabriz pisanan ing taun 1908, (deleng daftar Tabriz Mayors ), lan minangka wong modern, dheweke ana ing asal saka generator listrik pisanan ing Tabriz. Dheweke uga ngenalake press printing metalik pisanan ing Iran. Sardar Homayoun uga minangka salah sawijining ekonom paling modern ing Iran.
| |
Boraks (IPA: /bləŋ/) ya iku campuran garam mineral konsèntrasi dhuwur kang dianggo nalika nggawé panganan tradhisional. Kayata karak lan gendar. Boraks uga diarani natrium biborat, natrium piroborat, natrium tetraborat.
Bleng ya iku wangun kang ora murni saka boraks, nanging asem borat murni kang digawé indhustri farmasi luwih iki kang diarani boraks. Ing indhustri, boraks dadi bahan soldèr, bahan kanggo ngresiki, bahan kanggo ngawètaké kayu, antisèptik kayu, lan kanggo matèni coro.
Ing wanguné kang ora murni, boraks wis digawé wiwit taun 1700 ing Indonésia. Boraks jinis iki wanguné awujud banyu bleng. Bleng lumrahé diasilaké saka ladhang uyah utawa kawah endhut (kaya ta ing Bledug Kuwu, Jawa Tengah).
| |
Walker Percy (lair wonten ing kutha Birmingham, Alabama, 28 Mèi 1916.-surud surya 10 Mèi 1990) punika satunggaling panyerat saking Amérikah Sarékat Kidul. Panjénenganipun anak kaping kalih saking tiga sedhèrèk. Lampah gesangipun boten gampil amargi kathah pengalaman boten énak ing rikala alit. Nyariosaken Walker Percy berarti uga nyariosaken lampah lan bab panjenenganipun ingkang gadhah kathah masalah ing lampah gesangipun. Kathah fakta ingkang awujud kesusahan lan kasungkawan. Panjenenganipun miwiti karyanipun mawi nyerat novèl filosofis. Arah kritikipun inggih punika babagan madosi urip ingkang cèthèk. Pangamatanipun bab masalah urip punika jeru lan kadangkala panjenenganipun satir rikala nanggepi masalah-masalah ing kukuban. Panjenenganipun sédha amargi kanker ing tanggal 10 Mèi 1990.
| |
Ulam Black Ghost (Apteronotus albofrons) utawi ingkang wonten ing Indonesia kawéntar kanthi nama ulam sétan kalebet satunggaling iwak hias. Ulam punika asalipun saking Sungai Amazon, Brazil, Amérika Selatan. Nanging wonten ugi ingkang wastani bilih ulam black ghost punika. Ulam punika asalipun saking Sungai Amazon, Rio Paraguay, Brazil, Peru, Ekuador, Venezuela, lan Guyana. Ulam punika gadhah wujud awak ingkang pipih (tipis) kanthi dawa kirang langkung 66 cm dumugi 48 cm. Warni awakipun saking biru, ungu tuwa, dumugi radi ireng. Ingkang unik saking ulam punika inggih corèngan warni putihingkang wonten ing dawaning pérangan dorsal (wiwitan saking sirah dumugi dorsal tengah) saha kalih garis kanthi warni putih wonten ing buntut lan nyawijinipun sirip dhadha kaliyan sirip weteng .
Ulam punika kalebet ulam pendamai. Ukuran awakipun saged 50 cm kanthi dawa rata-rata kirang langkung 35 cm. Adhedhasar wujud awakipun ulam setan punika kagolong dhateng ulam pisau (Knifefishes), inggih punika golongan ulam kados pisau ingkang lébar pérangan sirah lan awak lajeng ngruncing ing pérangan weteng. Ulam black ghost ugi kagolong dhateng electic fishes inggih punika ulam ingkang saged ngasilaken listrik. Ulam punika saed ngasilaken listrik andhap (< 1V/cm) kanthi frekuensi medan listrik 0.1 – 10 kHz. Listik punika kaginakaken kanggé ngenali objek sakiwa-tengené lan kanggé komunikasi kaliyan ulam listrik sanèsipun. Saénipun ulam punika boten dipunpiara kaliyan ulam ingkang ngasilaken listrik sanèsipun .
Ulam black ghost remen kaliyan papan ingkang lunak lan cenderung asem, nanging saged ugi gesang wonten toya ingkang warna-warna. Ulam black ghost ugi milih panganan kanthi jinis tartamtu, lan saged mangan pakan ingkang garing, beku ugi panganan urip. Nanging ulam sétan punika langkung remen kaliyan pakan cacing rambut.
| |
Cithakan:Infobox Cheese
Emmental, Emmentaler, Emmenthal, utawi Emmenthaler inggih punika kèju saking Swiss ingkang dipundamel saking susu sapi mentah gadhah kathah bolongan utawi mata mawi ukuran ingkang ageng. Keju punika kondhang minangka "keju Swiss" ing Amérika Utara sanajan kèju Swiss boten tansah tumuju ing Emmental. Tiruan kèju Emmental ing Nurwègen kondhang kanthi namanama Jarlsberg. Kèju punika pikantuk namanipun saking tlatah asalipun inggih punika lembah Emme ing Canton Bern lan sampun pikantuk sertifikasi saking AOC (Appellation d'Origine Contrôlée). Sertifikasi AOC damel namung kèju ingkang dipunproduksi ing Emmental kemawon ingkang saged dipunparingi label "Emmentaler Swiss". Nanging nama "kèju Emmental" boten dipunjagi saéngga kathah ingkang niru ing manéka nagara.
| |
Charidotella sexpunctata ya iku salah siji spésiès kumbang kang kalebu kulawarga Chrysomelidae. Asring karan kumbang mas-masan amarga suwiwiné kang gilap warna emas. Kumbang iki asli saka Amérika.
Kumbang iki mangan godhong Ipomoea.
| |
Bèri Biru (Blueberry) ya iku salah sawijiné tetuwuhan kang kalebu anggota génus Vaccinium. Tuwuhan iki asalé saka Amérika pérangan lor. Woh blueberry awerna ijo pucet nalika durung mateng, banjur malih dadi ungu nalika wis mateng. Woh mau padatan duwé amba 5–16 mm lan duwé kaya déné makutha ing pérangan ngisoré. Wujud kembangé kaya bèl, awerna putih, abang, utawa jambon pucet, trakadhang uga awerna ijo. Ana sawatara spésies blueberry kang bisa dipangan, antarané Vaccinium angustifolium, Vaccinium virgatum, Vaccinium elliottii, lan Vaccinium corymbosum.
| |
Musiyum Fatahillah uga dikenal minangka Musiyum Sajarah Jakarta utawa Musiyum Batavia iku musiyum kang ana ing Dalan Taman Fatahillah No. 2, Jakarta Kulon kanthi wiyar punjul 1.300 mèter pasagi.
| |
Data juru main kanthi terakhir 2011
Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.
| |
Ya iku rayap lumrahé, kang duwé tugas kerja kanggo koloni, kalebu yasa susuh, golèk pangan lan glayani ratuné.
| |
Péterséli ya iku tetuwuhan saka kulawarga Apiaceae ⁄ Umbelliferae (kulawarga wortel). Tethukulan kang sinebut Parsley ing basa Inggris iki minangka jejanganan, lan bisa uga kanggo bumbu. Péterséli duwé mupangat kanggo kasarasan. Iki uga duwé praupan kaya déné slédri.
| |
null | |
Edvard Munch (basa Nurwègen: [ˈedvɑʈ ˈmuŋk]; 12 Dhésèmber 1863 – 23 Januari 1944) iku juru lukis saka Nurwègen. Lair ing Adalsbruk, dhèwèké kasuwur minangka èksprèsionis (juru lukis ing gagrag èksprèsionisme) kang prigel nglukis bab émosi kaya ta rasa wedi. Panggalihé ing samubarang prakawis mangaribawani tuwuhé gagrag èksprèsionis ing abad kaping 20. Kala samana, wong-wong nganggep cara nglukis kaya mangkono ngedab-edabi. Edvard Munch mono èksprèsionis kang nglairaké sawenèh lukisan kondhang.
Munch duwé sadulur lanang lan wadon cacah papat. Dhèwèké ndhemeni babagan kagunan awit saka nututi lelabuhané ibuné lan saduluré wadon. Nalika umur telulas taun, kawigatèné marang kagunan lukis wiwit thukul. Sunggingané kang wiwitan mung wujud prasaja kaya ta gegambaran ing gendul obat. Ing tembé, dhèwèké baut ing lukisan cèt. Ibuné Edvard séda amarga tuberkulosis ing taun 1868 lan salah siji sadulur wadoné nama Johanne Sophie uga séda amarga nandhang lelara kang padha ing taun 1877. Edvard Munch ana sambung-raketé karo juru lukis nama Jacob Munch lan ahli sajarah nama Peter Andreas Munch.
Ing taun 1879, dhèwèké sinau ana ing pawiyatan luhur tèknik saperlu sinau ngèlmu tèknik. Munch kapétung lantip ing babagan fisika, matematika, lan kimia. Ing kana, dhèwèké uga sinau carané nglukis nganggo pèrspèktif. Sanajan ta mangkono, dhèwèké kerep nandhang lelara saéngga olèhé sinau kaganggu.
Ing taun 1880, dhèwèké medhot anggoné sekolah saperlu dadi juru lukis. Dhèwèké duwé pamanggih yèn "ing babagan kagunan, aku bakal marsudi saperlu ngertèni tegesing kauripan mligi kanggo sliraku dhéwé." Dhèwèké nuli sekolah ana ing Royal School of Art and Design of Kristiania. Guruné ya iku juru reca nama Julius Middelthun lan juru lukis gagrag naturalis nama Christian Krohg. Ana ing kono, Munch sinau carané gawé reca lan lukisan naturalis, uga kasil nglairaké lukisan potrèt kang pisanan kang kapétung kondhang, nggambaraké dhèwèké lan bapaké.
Ing taun-taun pamungkasing uripé, Munch urip ijèn ana ing omahé ing Ekely, ing Skøyen, Oslo. Munch séda ana ing omahé rikala 23 Januari 1944, udakara sawulan sawisé dhèwèké ambal warsa kaping 80. Ing wulan Mèi taun 1960, omahé dibungkar.
| |
null | |
Biskop punika pimpinan Gréja ingkang wonten ing Keuskupan lan wujud péranganing hierarki Gréja Katulik Roma sasampunipun Sri Paus (Biskop Agung Roma) lan Kardinal. Salebetipun kalenggahanipun punika, Biskop asring dipunsebat minangka panggantos saking para rasul Kristus. Saben Biskop, amargi tahbisanipun, langsung dados péranganing jajaran para Biskop sa-donya (Collegium Episcopale) ing saandhaping pimpinan Sri Paus lan gadhah tanggel waler dhumateng sadaya Gréja Katulik (Paroki) ingkang wonten ing salebetipun wewengkon Keuskupan-nipun. Salebetipun Gréja, kalenggahan Biskop asifat salawasipun gesang lan dipunangkat déning Tahta Suci (The Holy See) ing Vatikan, Roma.
| |
Provinsi Venezia (Inggris Venice, Italia Provincia di Venezia) iku provinsi ina regione Veneto ing Italia sisih lor. Kutha krajané ya iku kutha Venesia. Jembar wewengkon 2,467 km², lan a total populasi 829,418 (2005). Ana 44 comuni (singular: comune) ing provinsi iki. Ing taun 2005, comuni utama miturut populasi ya iku:
| |
Johann Ludwig (misuwur kanthi nama John Lewis, Jean Louis) Burckhardt (lair 24 Novèmber 1784 – pati 15 Oktober 1817 ing yuswa 32 taun)ya iku panjenengané bangsawaan saka Swiss uga panjenengan dadi pangumbara sarta orientalis.johann uga asring nulis surat sajeroning basa Prancis lan nandatangani kanthi inisial Louis.Panjenengané uga misuwur kanthi asma panemu saka palitalasan sisa kutha Petra ing Yordania.
| |
Flora
Fauna
| |
Burkini (Arabic: بوركيني, gabungan saka burqa lan bikini) iku tipe klambi langèn kanggo wedhok muslim. Desainé ngayogyani pangajaran Islam saka Quran sing ngongkon wong wedhok klambèn sing jatmika. Klambi kudu ngukubi kabèh awak kejaba rai, tangan, lan sikil, lan uga kudu ènthèng manawa dienggo nglangi. Burkini iki kurang luwih kaya klambi langèn lengan dawa lan ana topiné saperlu ngukubi rambut, mung luwih longgar lan digawé saka bahan klambi langèn dudu neoprene.
Nalika Agustus 2009, wong wedhok saka Perancis diawisi nglangi ing bèji umum mawa nganggo burkini. Kala iku ana kontroversi babagan klambi utawa pakèan sing islami. Larangan mau dibeneraké mawa ndhelok hukum sing ngawisi uwong nglangi ora nganggo klambi langèn. Kala Agustus 2016, Walikota Cannes uga nglarang burkini amarga kaitané karo ekstrimis Islam.
Sawènèh hotel lan resort ing Maroko uga nglarang wong wedhok nganggo burkini ing bèjiné tumrap alesan higienis mung bikini lan klambi langèn liyané diéntukaké. Mula babagan iki dadi kontroversi pulitik.
| |
Kapal utawa prahu kang ana ing Indon'esia sadurungé ana prahu lathu kapérang dadi 2 jinis. Adhedhasar undhagi panggawé mula ana kang sinebut prahu lesung lan prahu papan. Senadyan prahu lesung paling prasaja, nanging cara gawéné merlokaké kaprigelan lan pengalaman kang mligi. Wiwit saka milih kayu kang cocog, cara negor uwit, nganti pagawéan natah kayuné lan dikeruk, para tukang kudu duwé kapinteran kang mumpuni. Kanggo prahu papan, cara panggawéné uga jlimet. Cara gawéné ora mung natah pérangan kayu lan dikeruk. Kanthi mangkono mula jinis lan wujud prahu ana luwih akèh lan ora winates. Ing jaman iki pariundhagi prahu ing Indoésia bisa dikandhakné isih mawa cara tradhisional.
Nanging evolusi pariundhagi prahu bisa tinemu ing Pulo Kei Cilik, sawijining papan kang wis cukup maju undhagi prahuné ing Sulawesi. Tradhisi pariundhagi prahu kanthi nggawé modhèl katir dobel wis cukup kawentar ing lor lan kidul Sulawesi, banjur prahu jinis katir cepet sumebar nganti ing wétan Madagaskar bebarengan kalawan prahu katir tunggal.
Ing jaman Sriwijaya, pariundhagi prahu wis demekaraké kanggo ngawasi dedagangan ing laladan koloniné. Kanggo nempuh samudra, Sriwijaya migunakaké kapal gedhé kanggo jalur dedagangan ing Samudra Hindhia lan Laut Cina Kidul. Bobot kapal Sriwijaya nyandhak 250 nganti 1000 ton, lan dawané 60 mèter. Kapal kasebut bisa ngemot kurang luwih 1000 uwong. Aboté durung kalebu momotan barang, kapal Sriwijaya iki uga tiniru déning Cina ing abad 16.
Wong Maluku gawé prahu kanthi cara ing satengahing lempong digawé sarupa endhog lan kaloro pucuké mlengkung munggah. Kanthi mangkono prahu bisa lelayaran maju lan mundur. Prahu iki ora mawa paku, nanging ditali mawa klaras lumantar bolongan kang digawé ing sapérangan papan. Kanggo nyambung papan migunakaké gagang pèn lan gagang pèn kasebut dilebokaké ing bolongan.
Tekané bangsa Portugis menyang Nuswantara cukup mangaribawani pariundhagi prahu ing Indonésia, Portugis nepungaké prahu jinis Èropa kang wujudé kapal galai kanthi cagak loro kanggo layar. Mirunggané yaiku ana tepas ngarep lan buri, buritan kapal lan senthong kanggo para batur lan bau kasar. Abad 15 ing Maluku wis tinepung jinis prahu Kora-kora kang digunakaké kanggo momot uwong lan barang, jinis iki cukup apik lan naté dadi prahu paling becik ing abad 15.
Punjer yasan kapal ing Nuswantara kang paling kaloka yaiku ing pulo Jawa. Galangan kapal iki ing abad 16 wis dadi paling gedhé ing Asia Kidul Wétan. Kaprigelan arsitèk kapal Jawa banget kalokané , nanging prahu-prahu kang digawé ing Jawa winates kanggo prahu cilik kang mligi kanggo kabutuhan perang, nanging ana uga prahu kanggo barang nanging kang mung bisa momot barang kang sethithik. Punjer galangan kapal mau mapan ing Lasem, panggonané antara Tuban lan Jepara lan cerak kalawan alas jati Rembang kang uga masok bahan bakuné.
Ing pérangan pamekaran candhaké, tekané Bangsa Walanda lan Inggris wis ngalami owah-owahan minangka akibat akulturasi kalawan budaya Portugis lan Spanyol. Mangkono uga ing abad 16 uga wis dipangaribawani kapal Gujarat, Parsi, Arab, kahanan kasebut nuduhaké yèn jiwa bahari wis ngasilaké manéka jinis prahu manut kabutuhané.
| |
Linus Benedict Torvalds (lair ing 28 Dhésèmber 1969) inggih punika tiyang ingkang ngawiwiti pengembanganipun Linux, inggih punika kernel ipun sistem operasi, kaliyan sak punika, gadhah ndamel supados Koordinator proyek punika.
Dipun gagasi saking Minix, (kernel kaliyan sistem operasi ingkang dikembangaken déning Andrew Tanenbaum), piyambakipun ngeraos betah sistem operasi unix ingkang saged mlampah dhateng komputer ing ngriyonipun. Torvalds ndamel pengembanganipun Linux kernel ing wayah selanipun kaliyan ngagem alatipun piyambak.
Linus krama kaliyan Tove Torvalds (lair Monni) – satunggaling jawara karaté Finlandia ingkang naté menang kaping enem. Linus kapanggih piyambakipun kapisan ing taun 1993 nalika kuliah komputer. Linus ngajari para siswa nyerat e-mail. Lajeng Linus angsal e-mail isinipun panyuwunan kekencan. Sapuniki Linus kaliyan Tove pinaringan putri tiga: Patricia, Daniela, lan Celeste.
| |
Pratélan distrik ing Turki lan populasiné (2007), sajeroning provinsi (ibukutha dicithak kandel):
Provinsi Istanbul: 11.914.848 (kabèh distrik wujud "distrik sentral")
Gaziosmanpaşa: 1.041.063
Ümraniye: 851.631
Küçükçekmece: 842.738
Bağcılar: 782.447
Kadıköy: 614.399
Büyükçekmece: 600.872
Bahçelievler: 599.119
Pendik: 552.675
Üsküdar: 524.763
Kartal: 496.891
Esenler: 495.423
Maltepe: 405.562
Kağıthane: 372.089
Fatih: 335.991
Avcılar: 321.523
Zeytinburnu: 295.628
Güngören: 293.807
Sarıyer: 275.708
Sultanbeyli: 266.177
Eyüp: 262.611
Şişli: 260.052
Bayrampaşa: 247.440
Beykoz: 226.481
Beyoğlu: 213.327
Beşiktaş: 173.212
Bakırköy: 148.435
Tuzla: 135.869
Silivri: 115.658
Çatalca: 77.699
Eminönü: 38.698
Şile: 31.594
Adalar: 15.264
Provinsi Ankara: 4.453.463
Ankara(Capital): 4.081.697
Çankaya: 746.837 (central district)
Keçiören: 735.984 (central district)
Yenimahalle: 681.863 (central district)
Sincan: 531.959 (central district)
Mamak: 405.199 (central district)
Altındağ: 360.700 (central district)
Etimesgut: 281.011 (central district)
Polatlı: 116.619
Çubuk: 91.555 (central district)
Gölbaşı: 69.970 (central district)
Şereflikoçhisar: 52.615
Beypazarı: 50.915
Haymana: 45.693
Elmadağ: 41.386 (central district)
Nallıhan: 39.018
Kazan: 36.562 (central district)
Bala: 34.052 (central district)
Kızılcahamam: 29.965
Akyurt: 23.011 (central district)
Kalecik: 22.796 (central district)
Güdül: 19.319
Ayaş: 18.812 (central district)
Çamlıdere: 11.594
Evren: 6.028
Provinsi İzmir: 3.769.462
İzmir(Capital): 2.583.671
Konak: 783.415 (central district)
Karşıyaka: 488.207 (central district)
Bornova: 477.004 (central district)
Buca: 400.481 (central district)
Menemen: 140.430
Gaziemir: 139.380 (central district)
Çiğli: 137.729 (central district)
Ödemiş: 123.445
Torbalı: 107.390
Bergama: 104.181
Menderes: 84.877
Kemalpaşa: 82.027
Tire: 75.100
Narlidere: 68.901 (central district)
Balçova: 68.357 (central district)
Aliağa: 66.362
Urla: 57.874
Seferihisar: 44.946
Kiraz: 44.262
Bayındır: 44.214
Foça: 43.236
Çeşme: 41.212
Selçuk: 36.553
Dikili: 33.419
Kınık: 27.033
Güzelbahçe: 20.197 (central district)
Karaburun: 16.344
Beydağ: 12.886
Provinsi Bursa: 2.466.280
Bursa(Capital): 1.839.367
Osmangazi: 684.366 (central district)
Yıldırım: 565.620 (central district)
Nilüfer: 347.177 (central district)
İnegöl: 221.991
Mustafakemalpaşa: 95.333
Gemlik: 92.675 (central district)
Karacabey: 74.916
Orhangazi: 72.991
Mudanya: 62.766 (central district)
Kestel: 52.516 (central district)
Yenişehir: 52.271
İznik: 43.095
Gürsu: 34.247 (central district)
Orhaneli: 28.576
Keles: 15.631
Büyükorhan: 13.854
Harmancık: 8.255
Provinsi Konya: 2.451.230
Konya(Capital): 994.883
Selçuklu: 465.333 (central district)
Meram: 292.883 (central district)
Karatay: 236.667 (central district)
Beyşehir: 130.306
Ereğli: 125.008
Akşehir: 123.460
Çumra: 123.083
Seydişehir: 82.403
Kulu: 81.478
Hadım: 80.387
Cihanbeyli: 75.794
Ilgın: 71.350
Hüyük: 65.821
Karapınar: 61.302
Taşkent: 59.619
Bozkır: 55.137
Yunak: 38.902
Kadınhanı: 37.507
Sarayönü: 35.631
Doğanhisar: 35.529
Yeniceoba: 31.069 (central district)
Altınekin: 29.565
Güneysınır: 28.916
Derebucak: 20.307
Ahırlı: 16.949
Akören: 16.437
Çeltik: 13.935
Emirgazi: 13.457
Derbent: 13.044
Tuzlukçu: 8.811
Yalıhüyük: 6.729
Halkapınar: 5.482
Provinsi Antalya: 2.135.274
Antalya: 899.282 (central district)
Alanya: 376.025
Manavgat: 258.312
Serik: 118.277
Kemer: 89.951
Kumluca: 69.359
Korkuteli: 50.880
Kaş: 48.396
Finike: 43.968
Akseki: 43.440
Gazipaşa: 43.285
Elmalı: 39.798
Kale: 21.248
Gündoğmuş: 20.499
İbradi: 12.555
Provinsi Adana: 2.006.340
Adana(Capital): 1.482.470
Seyhan: 953.538 (central district)
Yüreğir: 497.270 (central district)
Ceyhan: 184.578
Kozan: 139.106
İmamoğlu: 47.811
Karataş: 35.139
Karaisalı: 31.662 (central district)
Aladağ: 22.803
Yumurtalik: 22.438
Pozantı: 20.328
Feke: 18.658
Tufanbeyli: 17.566
Saimbeyli: 15.444
Provinsi Mersin: 1.892.958
Mersin: 851.516 (central district)
Tarsus: 372.856
Silifke: 190.425
Erdemli: 170.131
Anamur: 93.235
Mut: 92.007
Bozyazı: 53.873
Gülnar: 39.792
Çamlıyayla: 17.706
Aydıncık: 11.417
Provinsi Şan
| |
Susu iku wujude cairan warna putih kang diprodhuksi déning mammalia, kaya ta sapi, jaran, asu, wedhus lan manungsa. Cairan mau diprodhuksi ing kelenjar susu, amarga bayi kang nembé lair durung nduwé untu kudu disusoni sadurungé bisa mangan panganan kang padhet. Susu ngandhut akèh nutrien kanggo mbantu pertumbuhan lan kaséhatan bayi.
| |
Tomesode (留袖) inggih punika kimono paling formal kanggé wanita ingkang sampun mantèn . Tomesode saking kain krep kanthi warna ireng ingkang dipunwastani kurotomesode (tomesode ireng), lajeng tomesode ingkang saking kain krep mawi warna dipunwastani irotomesode (tomesode warna). Miturut urutan tingkang formalitas, tomesode punika busana ingkang paling formal sejajar kaliyan busana wengi. Istilah tomesode asalipun saking tradisi wanita ingkang sampun mantèn utawi sampun nglampahi genbuku kanggé damel cendhak lengen furisode ingkang dipun-ginakaken nalika taksih enèm .
Kurotomesode namung dipunagem minangka busana formal dhateng pista mantènan sanak sadulur, pista-pista, sarta upacara ingkang resmi sanget. Kimono jinis punika kalebet busana ingkang dipunagem garwa nakōdo nalika dugi ing pista mantènan. Bahan kanggé kurotomesode inggih punika kain krep ireng tanpa motif tenun. Corak minangka tandha kabegjan kados manuk jenjang utawi seruni ing pérangan ngandhap kimono. Posisi corak kain punika trep kaliyan umur ingkang ngginakaken, sansaya inggil yuswanipun lajeng corak kain ingkang dipunagem punika mapanipun sansaya mangandhap. Lambang kulawarga kanthi jumlah gangsal: satunggal wonten ing punggung, satunggal pasang wonten ing wingkingipun lengen, lan sepasang malih wonten ing dhadha pérangan nginggil.
Benten kaliyan kurotomesode, irotomesode boten kedah dipunhiasi kaliyan gangsal lambang kulawarga. Gumantung kaliyan formalitas adicaranipun, irotomesode cekap dipunjangkepim tiga lambang kulawarga (satunggal wonten ing punggung, satunggal pasang wonten ing pérangan lengen) utawi cekap satunggal ing pérangan punggung. Irotomesode dipunagem minangka busana formal nalika dipunulemi dhateng adicara mantenan sanak sadulur, ugi upacara resmi. Kain kanggé irotomesode saged wujud kain krep tanpa motif tenun utawi kain krep mawi motif tenun kados monishō, rinzu, lan shusuji. Wanita dèrèng manten ugi kénging ngginakaken irotomesode, nanging manawi sampun sepuh utawi boten purun ngginakaken homongi. Upacara resmi ing astana kaisar para tamunipun ngginakaken. Ireng punika minangka warni dhuka kalebet alesan kénging menapa kurotomesode boten dipunagem.
| |
Kutha Montpellier diwiwiti saka kutha pusat ing Villeneuve-lès-Maguelone nalika Abad Pertengahan utawa Abad Romawi. Nanging uga ana panjajahan kang ngrusak lan bajak Katedral Maguelone saéngga ndadèkaké kutha iki dadi rusuh.
| |
Kacilakan nuklir Fukushima I (福島第一原子力発電所事故Fukushima Dai-ichi) ( pocapan) genshiryoku hatsudensho jiko}} iku rangkéan kadadéan kacilakan radhiasi nuklir sing kadadéan ing Réaktor nuklir Fukushima I, sawisé ana lindhu kanthi kakuwatan 9.0 lan tsunami Tōhoku ing tanggal 11 Maret 2011. Réaktor iku dumadi saka enem réaktor kapisah separate sing direksa déning Parusajan Listrik Tokyo (TEPCO).
|
End of preview. Expand
in Data Studio
README.md exists but content is empty.
- Downloads last month
- 10